wulan

Wulan
dening Gilang Dimas S

Wulan….wong manis
sliramu akeh sing ndidamake
awakmu prasaja ora neka-neka
Wulan….amung aku bisa ndeleng awakmu neng tipi
aku tresna karo awakmu
pokoke jan sip tenan Wulan
postermu tak temlek kening tembok kamarku
saben wengi tak ilingi sliramu
jan aku kesengsem karo awakmu Wulan
Wulan muga-muga wae awakmu gelem dadi pacarku
mengko tak jak ngopi neng setadion mediun
karo tak jak mlaku-mlaku neng sarangan
wes to pokoke mak nyus tenan
Wulan….aku tresna karo awakmu
najan aku dudu selebritis
aku ora peduli
aku tetep seneng karo awakmu Wulan
Wulan….tomponen aku dadi pacarmu yo!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!
Previous
Next Post »
Thanks for your comment