SOAL LATIHAN B.JAWA

 
III
Pemerintah Wiwit Nggrengsengake Indhustri Cilik

                Pancen bener apa sing dikandhakake sebageyan masyarakat, menawa kautamaning pembangunan indhustri sejatine dumunung ana pengusaha swasta. Dene pemerintah mung kari menehi panjurung sarta nyedhiyakake anggaran lan menehi penyuluhan murih lakune usaha bisa lumaku kanthi becik lan sehat,

                Indhustri cilik utawa kerajinan rakyat mujudake perangan tataran ekonomi nasional, sing lumrahe kegiyatane sumebar ing dhaerah pelosok-pelosok padesan. Ya merga manggone ing padesan iki, pemerintah banjur maringi bantuwan dhana, jalaran saka indhustri cilik iki pranyata bisa nampung tenaga kerja sing akeh saengga bisa nyuda anane pengangguran lan nyuda mlayune warga desa menyang kutha.

                Kaya kang dumadi ing desa Menganti Gresik kang akeh madege indhustri cilik kayadene indhustri parut, rotan, lan kayu. Ing desa Menganti sing paling unggul yaiku indhustri rotan. Krana anane indhustri rotan sing cukup maju, mulane bisa nyiptakake lapangan kerja. Buktine saben-saben omah wis kena dimesthekake padha duwe kegiyatan utawa penggaweyan samben ngenam rotan. Kanthi mangkono kejaba kanggo nambah pengasilan uga mbendung wargane mlayu menyang kutha.

(Gegladhen Basa Jawa VIII: 12)


1.       Kautamaning pembangunan indhustri iku dumunung ing pengusaha…….

a.                 Cilik                                b. swasta                               c. gedhe                 d. negara


2.       Tugas lan tanggung jawabe pemerintah marang para pengusaha swata yaiku…..

a.                 Nariki pajek saka para pengusaha

b.                 Menehi panjurung lan penyuluhan

c.                  Ngatur anggaran kanggo prodhuksi

d.                 Nemtokake reregan asile prodhuksi


3.       Pemerintah maringi bantuwan marang para pengusaha cilik ing dhaerah-dhaerah padesan kanthi tujuwan….

a.                 Nambahi gedhen pajek sing disetor

b.                 Supaya para pengusaha ora protes

c.                  Ngundhakake pengsilane pengusaha

d.                 Kanggo nyuda anane pengangguran


4.       Indhustri cilik kang ditindakakake dening warga desa Menganti Gresik yaiku…..

a.                 Home indhustri awujud barang-barang elektronik

b.                 Indhustri kerajinan tas lan sepatu saka kulit

c.                  Home indhustri kang awujud panganan camilan

d.                 Home indhustri kang awujud rotan, parut, lan kayu


5.       Home indhustri iku bisa kanggo nyiptakake lapangan kerja, buktine….

a.                 Saben wong ing omah ora ana sing nganggur

b.                 Wong ing padesan akeh sing kepengin kerja

c.                  Akeh pengangguran sing lunga menyang kutha

d.                 Barange akeh sing diekspor menyang luwar negeri
Previous
Next Post »
Thanks for your comment