Adhiku Kang Kinasih

Adhiku Kang Kinasih
Deninig Tuti Nur

Oh,Adhiku …….
Putra kinasih Ibu
Bagus rupamu,manis esemmu
Lakumu nyenengke atiku
Nanging…….
Yen dak eling-eling
Kahanan uripmu kang tansah nelangsa
Atiku sansaya lara
Wiwit cilk tekan saiki
Kowe ora pernah ngrasakna kasih sayang saka bapak
Amarga bapak tindak
Menyang panggonan kang ora dingerteni
Oh,Adhiku……
Saiki turu sing lali
Ben sesuk bisa tangi
Kanggo ngrewangi aku lan ibu
Rungokna, adhiku kang kinasih
Aku arep nembang kanggo nglipur atimu
Wujud tresna asih
Muga kepenak nggonmu turu
Duh,bocah kang bagus rupa
Aku tansah nyuwun pandonga
Muga uripmu bagya mulya
Migunani tumrap nusa lan bangsa.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment