http://hayyun-rosadha.blogspot.co.id/2012/11/tuladha-soal-ujian-akhir-sekolah-mapel.html

Wacanen kanthi permati!
Dina kuwi ngepasi tanggal 15 Juli 2008. Umurku genep 12 taun Karo mulih aku mbayangake keluargaku wis nyiapake hadiah ulang taun. Tekan ngomah aku kuciwa banget, omahku sepi. Tas banjur takselehake ing meja makan. Aku menyang mburi nanging ya sepi. Aku mbalik mlebu menyang kamar. Nalika  mbukak lawang, aku kaget amarga kabeh keluargaku wis kumpul ing kamar sinambi nyanyi “ Selamat ulang tauhun”. Kamarku wis dihias endah. Komputer anyar sing impek-impekake wis dipajang ing meja sinau . Kabeh keluargaku banjur menehi ucapan slamet. Atiku bungah banget. Kedadean iki ora bakal bisa daklalekake.
11.  Pengalaman ing dhuwur kalebu pengalaman kang ...
A. nyenengake
B. ngguyokake
C. nyedihake
D. njengkelake
12.  Kedadeyan mau ora njalari pinggeting atiku. Tembung pingget ati ngemu teges ....
A. seneng atine
B. gawe gela
C. bungah
D. lara atine
13.  1. tinulis
2. dipangan
3. lumebeng
4. sapiring
Tembung-tembung ing dhuwur kang migunakake seselan yaiku ....
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 2 lan 3
D. 3 lan 4
14.  Retno eseme pait madu. Eseme pait madu kalebu tembung ....
A. entar
B. garba
C. keratabasa
D. sanepa
Wacanen crita wayang Ramayana ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 15, 16, lan 17!
Nalika Dewi Sinta ijen Dasamuka nyedhaki kanthi wujud Brahmana, nuli nyidra Dewi Sinta digawa mabur menyang Alengka. Tumindake Dasamuka ndadekake Rama Wijaya kebranang mula banjur utusan Anoman mimpin bala kethek ngobrak-abrik Alengka kang wusanane kabesmi. Patih Prahasta lan adhi-adhine tansah ngelingake supaya Sinta dibalekake. Nanging, Dasamuka ora perdhuli, njalari perang gedhe mungsuh Rama Wijaya.
15.  Pasukan kethek Rama Wijaya kang ngobrak-abrik Alengka kapimpin dening ….
A. Lesmana
B. Kumbakarna
C. Anoman
D. Kalamarica
16.  Dewi Sinta iku sejatine garwane ….
A. Rama Wijaya
B. Lesmana
C. Rahwana
D. Gunawan Wibisana
17.  Prakara kang njalari anane perang Rama Wijaya nglawan Dasamuka, yaiku ….
A. Dasamuka nyidra Dewi Sinta
B. Dasamuka ora perdhuli karo kandhane adhi-adhine
C. Rama Wijaya nesu karo Dewi Sinta
D. Dewi Sinta ora setya marang Ramawijaya
Semaken pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 18, 19, lan 20!
Pasir Kencana
Santi     :    “Tut, dina Ahad ana acara ra?”
Tuti       :    “Ora, ana apa?”
Santi     :    “Aku lan kancaku apak dolan menyang Pasir Kencana. Kowe apak melu?”
Tuti       :    “Melu, jam pira mangkate ?”
Santi     :    “Jam 06.00”
Tuti       :    “Apa ora kawanen ? Yen jam 05.30 piye?”
Santi     :    “Ngono ya kena malah luwih apik, bisa ndelok srengenge nginceng segara”
Tuti       :    “Srengenge kok nginceng segara kaya manungsa wae”
Santi     :    “Ah kowe ki, sing jelas awake dhewe bisa ndelok sesawangan kang endah”
18.  Paraga-paraga ing pacelathon kasebut yaiku ....
A. Santi lan Agus
B. Amir lan Tuti
C. Santi lan Tuti
D. Agus lan Amir
19.  Basa sing digunakake dening Santi yaiku ....
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
20.  Ing pacelathon kasebut lagi ngrembug babagan ....
A. dolan menyang Sigandu
B. dolan menyang Pasir Kencana
C. dolan menyang Ujung Negara
D. dolan menyang Pagilaran
 
 
 
 http://hayyun-rosadha.blogspot.co.id/2012/11/tuladha-soal-ujian-akhir-sekolah-mapel.html
 
 
 
Previous
Next Post »
Thanks for your comment