RANGKUMAN MATERI (Saperangan alit)
BAHASA JAWA KELAS 8 SEMESTER 1
Crita Pengalaman Pribadi
Bab-bab kang perlu digatekake yaiku:
1. Milih crita kang narik kawigaten, banjur critakna kanthi gaya lan penampilan kang ekspresif
2. Critakna kanthi runtut
3. Critakna kanthi ringkes
4. Lancar anggone nyritakake
5. Swarane (banter-rindhike) sacukupe.
Iklan
Iklan
yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe
dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak lan elektronik. Bab-bab
kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:
1. Surasa (isi) iklan: a. kudu objektif lan jujur
b. cekak lan cetha
c. ndudut ati (narik kawigaten)
2. Basa iklan: a. Gampang ditampa
b. Ukarane cekak, cetha lan ndudut ati
c.
Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti
kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba.
d. Isine nyata lan ora ngapusi
e. Sipate ajak-ajak
Nulis Laporan Kunjungan
Nulis
laporan kunjungan ing sawijining panggonan, bisa diwujudake kanthi
jenis tulisan apa bae sakepengine penulis. Bisa wujud narasi, eksposisi,
deskripsi, argumentasi, utawa persuasi. Kanggo nggampangake anggone
gawe laporan, luwih becik nganggo urutan:
a. Nemtokake tema.
b. Ngumpulake bahan.
c. Gawe cengkorongan (kerangka karangan).
d. Ngembangake cengkorongan, dijlentrehake dadi ukara manut gagasan kang wis digawe.
e. Menehi irah-irahan (judul).
Tembang Macapat
Guru gatra : cacahing gatra utawa larik saben sapada (sabait) tembang.
Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben salarik.
Guru lagu : tibaning swara vokal ing pungkasaning larik.
Ayahane tembung sajrone ukara
Ukara yaiku tembung utawa kumpulaning tembung kang nduweni teges. Ukara mujudake wedharing karep kang jangkep.
Perangane ukara sing baku yaiku:
1.
Jejer, yaiku samubarang kang dianggep duwe adeg dhewe sarta dadi
bakuning gunem utawa wicara. Lumrahe wujud tembung aran utawa kang
dianggep aran.
2. Wasesa, yaiku samubarang kang dadi caritane
jejer. Lumrahe awujud tembung kriya. Ananging ana uga kang awujud
tembung kaanan, aran, sesulih, wilangan, lsp.
3. Lesan, yaiku samubarang kang dadi watesing wasesa utawa nerangake wasesa.
4. Geganep, utawa pelengkap, yaiku samubarang kang kanggo njangkepi ukara.
5. Katrangan, yaiku kang dadi andharaning ukara.
Gatekna tuladha-tuladha ing ngisor iki!
1. Pitike mati
J W
2. Sutri nyapu latar
J W L
3. Salman nukokake bakso adhine
J W P L
4. Bejo turu neng hotel
J W K
corojowo.blogspot.co.id/2013/01/rangkuman-materi-bahasa-jawa-kelas-8.html
Next
« Prev Post
« Prev Post
Previous
Next Post »
Next Post »
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Out Of Topic Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon