CONTOH SOAL UAS 1 KELAS IX MAPEL BAHASA JAWA

A.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang kokanggep paling bener!
Gatekna pethikan drama ing ngisor iki!
Para kleting lagi omong-omongan ing njero omah.
Kleting Biru    : “Kleting kuning, mrenea! Aku arep lunga menyang kutha, wajan iki asahana nganti resik, kuinclong tur kena kanggo kanggo ngilo! Pisan maneh! Kuinclong tur kena kanggo ngilo! Awas!”
Kleting Kuning : (ndhingkluk) “Inggih mbakyu, sendika dawuh”   
1.      Manut pethikan drama ing ndhuwur , apa irah-irahan drama kasebut?
a.       Andhe-andhe lumut
b.      Jaka Tarub
c.       Keong Mas
d.      Jaka Kendhil
2.      Manut isining pacelathon, Kleting Biru duwe watek….
a.       alus ing budi
b.      tresns asih marang sedulur
c.       sregep
d.      ladak
Kleting Abang lan kleting ijo sanalika mundhur, dhewekke imbas-imbis ngrasa ora dipilih karo andhe-andhe lumut.
Kleting Biru                :”Mesti aku sing dipilih, aku iki kan lincah tur imut”
Andhe-andhe Lumut  :”Ora kabeh, kowe maneh kleting Biru, Pancen manis esemmu nanging yo lunyu ilatmu, yen guneman molah-malih. Aku luwih milih kleting Kuning.”
3.      Tembung lunyu ilatmu ing drama ndhuwur ngemu teges….
a.       sreseh
b.      akeh omong
c.       mencla-mencle
d.      seneng ngomongi wong liya
4.      Manut isining drama ing ndhuwur, sing pungkasane dipilih andhe-andhe lumut minangka garwane yaiku….
a.       Kleting abang
b.      Kleting ijo
c.       Kleting kuning
d.      Kleting biru
5.      Panulisan angka jawa kang urut tinemu ing…
a.       4, 5, 6, 7
b.      5, 1, 2, 4
c.       7, 9, 5, 8
d.      4, 2, 3, 1
6.      Ulangan basa Jawa kapungkur aku antuk biji 85
Angka 85 yen ditulis jawa yaiku….
a.       ;82;
b.      ;83;
c.       ;84;
d.      ;85;
7.      Saben esuk aku mangkat sekolah jam 6.30. Yen ditulis jawa yaiku…
a.       sbenHisukHkum=ktSekolhjm¿ ;5,30;
b.      sbenHisukHkum=ktSekolhjm¿ ;6,30;
c.       sbenHisukHkum=ktSekolhjm¿ ;7,30;
d.      sbenHisukHkum=ktSekolhjm¿ ;8,30;
Gatekna wacan ing ngisor iki!
            Ana sawijining dina, prabu Dasamuka ngersakake ngumbara mider jagad. Kamangka garwane kanga ran Dewi kanung lagi mbobot.
8.      Tembung mider jagad duwe teges….
a.       dolan
b.      wisata
c.       keliling donya
d.      ziaroh
9.      Manut wacan ing ndhuwur, garwane prabu Dasamuka asma….
a.       Dewi Sinta
b.      Dewi Sumitra
c.       Dewi Kanung
d.      Dewi Kekayi
10.  Dene prabu Dasamuka dewe ratu ing kraton….
a.       Ayodya
b.      Amarta
c.       Astina
d.      Alengka
Previous
Next Post »
Thanks for your comment