TATA KRAMANE WONG MLAKU

1. Mlaku ora kena sinambi mangan utawa ngombe  
2. Ora kena sinambi gojegan, luwih-luwih ana ing dalan gedhe.  
3. Kudu tansah ngati-ati, ngawasake ngarep lan ngerti kahanan kiwa lan tengen.  
4. Yen mlaku bareng wong tuwa becike ana mburine. 
 5. Umpama ndhisiki tindake wong tuwa becike uluk-uluk : “Nyuwun pangapunten, kula ngrumiyini.” 6. Manawa liwat ing sangarepe wong kang lagi lenggahan becike uluk-uluk :”Nuwun sewu ndherek langkung.” 
 7. Mlaku ora kena nyeret  utawa ngentebake sikil.  
8. Mlaku ing sisih kiwa.  
9. Mlaku ing dalan ora kena jejer-jejer, kena jejer loro.  
10. Manawa mlaku lanang wadon, becike sing wadon  ana ing kiwane  lanang. 
 11. Manawa nyabrang ing zebra cross, sing putri dialing-alingi saka arahe kendaraan.  
12. Mlaku ora kena bengak-bengok.

UKARA SAMBAWA  
Ukara sambawa migunake panambang –a lan tembung kriya(kata kerja) kang karaketan panambang
(-an, -na, ana).  
Ukara sambawa iku duwe teges: umpama, pangarep-arep(muga-muga), sanajan lan mokal.
Tuladha: a. Umpama
Pintera ngono aku kepenin dadi dhokter.
 b. Pangarep-arep(muga-muga) Lulusa ya ujianku!
 c. Sanajan Diterangna bola-bali yen ora nggatekake ya tetep ora ngerti. d. Mokal Kowe meneh lulusa, wong dheweke wae ora lulus.
 
 
UKARA CARITA (UKARA ANDHARAN)  
a. Nggambarake kahanan kang wis mesthi.(mesthi, tentu, pancen, wis)
Para siswa wis padha wiwit sinau.  
b. Nggambarake kahanan sing ora nyata/durung mesthi.(dudu, ora, durung) Kae dudu Bapak  Kepala Sekolah.  
c. Nggambarake kahanan kang durung cetha.(bokmenawa, kira-kira, bisa uga, yen ora kleru, menawa wae. Bokmenawa Bapak Guru saiki ora rawuh.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment