Ringkasan Materi Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 Tahun Ajaran 2015/2016

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh



Hai sobat langsung saja kita membahas Materi UAS Basa Jawa Semester 1 Tahun Pelajaran 2015/2016.


1. Geguritan yaiku puisi bahasa jawa sing kaiket purwakanthi. Tuladha :
                                                            Apa Gunane                                                
Pak.......Bu
Apa gunane aku sinau
Basa jawa sing wis ora payu
Yen aku maca katone wagu
Kala kala digeguyu
                                                                          Jamane laptop wis ngetop
                                                                          Nulis jawa ya kudu setop
                                                                          Jamane Hp wis akeh sing duwe
                                                                          Aku dewe ya kudu pede
O.......Ngger anakku
Aja manut angen-angenmu dhewe
Wong jawa aja nganti ilang jawane
Yen nganti ilang paribasan tanpa sandhangan
Tindak-tanduk subasita deweke wong jawa
Pratandha ngeluri budayaning bangsa
Murih lestari diuri-uri
Aja nganti Katindih budayaning manca nagari

2. Tembung Rangkep (utawa reduplikasi) yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho kabeh tembunge utawa mung sawanda bae. Tembung Rangkep ana telu :
     a. Tembung Dwilingga yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
Warnane tembung dwilingga yaiku :
         1. Dwilingga Padha Swara yaiku tembung lingga sing diucapake kaping pindho. Tuladha :                     cilik-cilik, dawa-dawa, omah-omah.
          2. Dwilingga Salin Swara yaiku tembung lingga sing diucapake kaping pindho, nanging                         owah swarane. Tuladha : bangak-bengok, tura-turu, megal-megol
          3. Dwiingga semu yaiku tembung dwilingga kang ora ana linggane. Tuladha : untir-untir,                         unyeng-unyeng, undur-undur, ari-ari
      b. Tembung Dwipurwa yaiku tembung lingga wanda wiwitan diucapake kaping pindho.                         Tuladaha : kekancing, kekandha, tetiru, tetakon, tetuku.
      c. Tembung Dwiwasana yaiku tembung lingga wanda wekasan diucapake kaping pindho.                     Tuladha : celuluk, cengenges, jegeges, celolo, dhepepes.

3. Pacelathon yaiku gunemane wong loro utawa luwih kanthi takon, mangsuli, prentah, lan naggapi sing digunemake kanthi langsung. Tuladha :
                                                            Pitepungan ing Sekolah
Ismi : “Kok nglamun mikir apa ta mbak ?”
Vita : “Ora nglamun, mung rada kesel anggonku ngeloni kegiatan ki mau.”
Ismi : “Lha kowe kok ijen wae kancamu ana ngendi ?”
Vita : “Yen sing nunggal kelas iki durung duwe kanca, kancaku sing nunggal SD biyen ana, nanging              ora ana ning kelas iki
Ismi : “Wah yen ngono padha. O, iya ditepungake wae jenengku Ismiyatun yen kowe sapa jenengmu              ?”
Vita : “Aku Vitasari, omahmu ngendi ismi ?”
Ismi : “Omahku ana ing Kepatihan, sakidule SMK 8 Solo kuwi lho !”
Vita : “Wah, yen ngono kowe bocah kuta ya. Ngomong-ngomong kampung Kepatihan kuwi biyen                    apa nggon Patih ngono ta ?”
Ismi : “Miturut critane ngono. Jare biyen dununge Patih kraton Kasunanan ya kraton kidul.”
Vita : “O....ngono ta, lha aku kuwi ora mudheng, wong aku kuwi saka ndesa kok ismi.”
Ismi : “Lha omahmu kuwi ngendi ?”
Vita : “Omahku kuwi Kalijambe lor Kaliyasa, dadi ndesa banget. Lha kok aku ditampa ana SMP                    Negeri 1 Surakarta kuwi rak ngira ta ?”
Ismi : “Anane kowe ditampa ana kene mesthi wae bijimu apik lan duwe piagam utawa kaluwihan                    liyane.”
Vita : “Yen bab kepinteran aku ya ora pinter ya pas-pasan wae. Lha yen piagam ora ketang sethithik              aku ya duwe.”
Ismi : “Lha ya kuwi sing njalari kowe ditampa ana kene.”
Vita : “Bener, bener Ismi !” E, kae wis mlebu maneh ayo enggal tata-tata baris!”

4. Basa Jawa ana loro yaiku :
        1. Basa jawa ngoko, basa ngoko ana loro yaiku :
             aNgoko lugu = ngoko
                Tuladha : aku arep turu
             b. Ngoko alus = ngoko + krama
                Tuladha : Ibu tindak (krama) menyang pasar (ngoko)
         2. Basa jawa krama, basa krama ana loro yaiku :
             a. Krama lugu = krama
                Tuladha : kula ajeng wangsul rumiyin
             b. Krama Alus/Inggil = krama kabeh
                Tuladha : Ibu tindak dateng peken nitih becak

5. Purwakanthi yaiku unen-unen sing runtut swarane, runtut tulisane lan runtut tembang- tembunge. Purwakanthi ana telu :
        1. Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasan. Tuladha :                    Anggere gelem obah, mesti bakal mamah (swara ah)
        2. Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi sing padha aksarane ing saben wiwitan.                          Tuladha : Gonyak ganyuk gegojegan gawe guyon (aksara g)
        3. Purwanthi guru basa yaiku purwakanthi sing ana tembunge kang padha. Tuladha : Rujak                    dhondhong, rujake sisane kalong (tembung rujak)

6. Tembung Saroja lan Garba
Tembung Saroja yaiku tembung loro sing tegese padha utawa meh padha, digandheng dadi siji, nduweni teges mbangetake tembung. Tuladha : undha usuk, jungkir walik, utang selang
Tembung Garba yaiku tembung loro utawa luwih dirangkep dadi siji, kanggo ngurangi cacahing wanda. Wewaton nggarba tembung yaiku :
- a + a = a upamane : sedya + arsa = sedyarsa tegese niyat arep
- a + u = o upamane : sara + utama = sarotama tegese panah linuwih
- a + i = e upamane : prapta + ing = prapteng tegese teka ing
- a + o = o upamane : dadya + ojad = dadyojad tegese dadi gunem
- i + i = i upamane : kapi + indra = kapindra tegese ratune kethek
- i + a = ya upamane : lagi + antuk = lgyantuk tegese lagi oleh
- u + a = wa upamane : nuju + ari = nujwari tegese ngepasi dina
- u + i = w upamane : lumaku + ing = lumakweng tegese mlaku ing

7. Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batange wisa dikandhakake, mung anggone ngandhakake ora kanthi cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih. Untuk lebih pahamnya silahkan lihat disini

8. Kerata Basa yaiku tetembungan sing diudhar, diothak-athik utawa digathukake supaya manthuk. Tuladha :
1. Guru = digugu lan ditiru
2. Bangjo = abang ijo
3. Setut = singset tur patut
4. Mantu = dieman-eman metu
5. Rujak = kuru ajak-ajak
6. Tebu = antebing kalbu
7. Tuwa = ngenteni metune nyawa
8. Gusti = bagusing ati
9. Sepuh = asepe ampuh
10. Weteng = ruwet  tur peteng

9. Tembung Macapat. Mengenai tembung macapat silahkan lihat disini (suwer nggak bohong !!!)

10. Aksara Jawa, untuk aksara jawa silahkan lihat gambar dibawah ini.
Contoh gambar Aksara Carakan dan Pasangan
Sandhangan
Contoh prakteknya
        Mungkin itu saja ringkasannya, jika ada kesalahan ataupun kekurangan ataupun pencontekan saya mohon maaf yang sebenar-benarnya.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh




 http://majelisyahyahalim.blogspot.co.id/2015/11/ringkasan-materi-bahasa-jawa-kelas-8.html
Previous
Next Post »

1 komentar:

Click here for komentar
17 Januari 2018 pukul 00.32 ×

good is best...

Selamat Unknown dapat PERTAMAX...! Silahkan antri di pom terdekat heheheh...
Balas
avatar
admin
Thanks for your comment