SOAL B.JAWA



Wacan 1

Nuwun para pepundhen, para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinabekten, para pangembating praja ingkang sinudarsana, Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kadang sepuh anem, para rawuh kakung miwah putri ingkang sinuba ing pakurmatan (1).
Saderengipun kula ngaturaken rantamaning acara, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur dhumateng Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, satemah ing wekdal punika saged makempal ing papan punika kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin(2).
 
1.     Perangan sesorah nomer (1) ing nginggil kawastanan....
A.     pamuji sokur
B.     wigatosing atur
C.     atur salam pambuka
D.    atur pakurmatan /sapa aruh
 
2.     Perangan sesorah nomer (2) ing nginggil kawastanan....
A.     pamuji sokur
B.     atur panutup
C.     wigatosing atur
D.    atur pakurmatan

3.     Satemah ing wekdal punika saged makempal ing papan punika.
Tembung makempal ing teks kasebat lepat, leresipun ..
A.     kempalan
B.     dados setunggal
C.     kempal manunggal
D.    kempal dados setunggal

4.     Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, ndungkap acara salajengipun inggih punika atur pambagya saking pangarsaning panitya ingkang badhe dipunsalirani dening panjenenganipun Bapak.... Dhumateng panjenenganipun bapak.... kula sumanggakaken.
Andharan ing nginggil punika aturipun pranatacara nalika ngaturi paraga....
A.     ustad ingkang paring hikmah syawalan
B.     panitya ingkang ngaturaken pambagya
C.     ingkang maosaken kitab suci Al-Qur’an
D.    kasepuhan ingkang nampi pratignya syawalan

5.     Jumbuh kaliyan urut reroncening acara ingkang sampun katur wonten ngajeng, acara ingkang angka sedasa inggih punika hikmah syawalan ingkang badhe dipunwedharaken dening panjenenganipun bapak…. Dhumateng panjenenganipun Bapak... kula sumanggakaken.

Andharan ing nginggil punika aturipun pranatacara nalika ngaturi paraga....


A.     ingkang maosaken kitab suci Al-Qur’an
B.     panitya ingkang ngaturaken pambagya
C.     paraga ingkang paring hikmah syawalan
D.    kasepuhan ingkang nampi pratignya syawalan

Previous
Next Post »
Thanks for your comment