21.  Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara camboran raketan lesan yaiku ...
A. Dedi maca Koran, banjur nulis isining pawarta.
B. Ruri nggawa buku Basa Jawa, dene Tuti Matematika
C. Lina ngampil buku crita rakyat, nanging adhine sing maca.
D. Firman mangan batagor, banjur donat.
22.  Kang ora kalebu adat tata cara temanten Jawa sadurunge temu manten yaiku ....
A. lamaran
B. paningset
C. midodaren
D. dhahar klimah
23.  Yen wis liwat tengah mbengi, calon penganten putri isa metu saka kamar ning calon penganten kakung malah wiwit dikurung neng kamar kusus nganti esuk. Acara iki diarani ....
A. nyantri
B. paningset
C. midodaren
D. srah-srahan
Wacanen crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 24 lan 25!
Rara Jonggrang
Dek  jaman biyen ing Prambanan ana sawijineng kraton. Ratune arupa buta jejuluk Prabu Baka, gedhe panguwasane, kagungan putra sulistya ing warna aran Rara Jonggrang.
Nalika Prabu Baka perang karo ratu Pengging, Prabu Baka kalah lan bisa dipateni. Ratu Pengging bisa menang amarga dibantu dening Bandawasa kang peng-pengan, apa maneh Bandawasa duwe gaman kang ampuh banget arane Bandung. Mulane Bandawasa dikondhangake aran Bandung Bandawasa. Wiwit wektu iku Bandung Bandawasa manggon ing Kraton Prambanan.
Sabanjure Bandung Bandawasa kasmaran marang Rara Jonggrang lan sedyane arep didadekake jatukramane, nanging Rara Jonggrang abot arep nampa lamarane. Amarga ngelingi sing mateni ramane iku ya Bandung Bandawasa dhewe. Rara Jonggrang nampa usule patihe supaya nampa Bandung Bandawasa nanging nduweni bebana kang mokal bisane klakon.
Bandung Bandawasa supaya nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget. Iku kabeh kudu rampung sajrone sawengi.
24.  Roro Jonggrang angel nampa lamarane Bandung Bandawasa amarga ....
A. Bandung Bandawasa sing mateni ramane.
B. Bandung Bandawasa ora bisa nggawe candi sewu.
C. Bandung Bandawasa sing mateni rayine.
D. Bandung Bandawasa ora gelem nggawekake candi.
25.  Sarat sing diajukake dening Roro Jonggrang marang Bandung Bandawasa yaiku ....
A. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone sawengi.
B. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone seminggu.
C. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone sewulan.
D. Nggawekake candhi sewu karo sumur sing jero banget, kudu rampung sajrone setaun.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment