SOAL B.JAWA



1.     Pranatacara prayogi nggatosaken solah bawa ingkang saé kadosta....
A.     nyowang-nyawang rasukanipun piyambak, pandeleng tajem boten anteng
B.     mikrophon dipuncepeng asta tengen, asta kiwa pas ngandhap dhadha
C.     jumeneng kanthi lelèndhèhan papan wicara, kathah obah
D.    saged nyebul mikrophon utawi dipunthuthuk-thuthuk

2.     Pranatacara kedah nggladhi swanten, saboten-boten  
saged kadhapuk swanten....
A.     sanès swanten lugas/mlaha
B.     ngelik, alit, inggil, boten kung
C.     grothal-grathul, megap-megap, alit
D.    boten membat mentul, monoton, bindheng

3.     Gatosna tembung-tembung ing ngandhap menika!

1)    Pranata adicara
2)    Pranatacara
3)    MC
4)    Ingkang hamengku gati
5)    Pambiwara

Tembung-tembung ing nginggil ingkang boten kalebet dasanamanipun pranatacara inggih menika....
A.     1, 2
B.     1, 3
C.     2, 4
D.    3, 5

4.     Ingkang kawastanan pranatacara inggih menika....
A.     paraga ingkang kajibah nglantaraken titilaksana ing satunggaling acara
B.     paraga ingkang kajibah mbabar satunggaling perkawis ing satunggaling acara
C.     paraga ingkang atur panglipur dhumateng kulawarga dhuhkita ing acara sripahan
D.    paraga ingkang kajibah ngaturaken pambela sungkawa lan panglipur ing sripahan

5.     Perkawis ingkang kedah dipunugemi saderengipun majeng dados pranatacara kadosta….
A.     gladhen, rumangsa bisa
B.     ora isin takon , rumangsa bisa
C.     ora perlu gladhen, isin takon
D.    gladhen, ora  isin niru  lan gelem  takon



Previous
Next Post »
Thanks for your comment