1.
Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing
digandheng dadi siji nuwuhake teges anyar.
Tembung camboran ana 2, yaiku:
- Camboran wutuh
Tuladha: a. Randha royal (jenenge panganan) d. Nagasari (jenenge panganan)
b. Semar mendem (jenenge panganan) e.
kuping wajan (=tambeng utawa ndableg)
c. Raja Lele (jenise
pari) f. Sapu tangan (=kacu)
- Camboran tugel
Tuladha: a. Lunglit (balung kulit)
b. Bangjo (abang ijo)
c. dubang (idu abang)
2.
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa
luwih kang padha tegese dienggo bebarengan lan nduweni teges mbangetake.
Tuladha: a. Wadya bala f. Angkara murka k. Blaka suta
b. arum wangi g. Ayem tentrem l. Tedheng aling-aling
c. adi luhung h.
Rukun sentosa m. Sumebar warata
d. welas asih i. Gemah
ripah n. Antheng jatmika
e. edi peni j. Gagah prakosa o. Gandhes luwes
3.
Seselan –in
-
Pinaringan (paring) - kinepung (kepung)
-
Ginanjar (ganjar) - Sinigar (sigar)
-
Sinawang (sawang) - winates (wates)
-
Linuwih (luwih) - tinulis (tulis)
4.
Teka-teki tembang pucung
Bapak pucung
cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang kendhi
Pencokanmu lambung kering
Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya
|
Bapak pucung
Dudu watu
dudugunung
Sabamu ing
alas
gajah
Ngon-ingone
sang Bupati
Prapteng marga si pucung lembehan grana
|
5.
Tembung panyandra
- rambute negembang bakung - pundhake nraju emas -
galake kaya macan manak
- bangkekane nawon kemit - athi-athine ngudup turi
- alise nanggal sepisan - eseme pahit madu
- drijine mucuk eri - gulune ngolan-olan
- tangane nggandhewa pinenthang - pipine
nduren sajuring
- untune miji timun - mripati damar kanginan (blalak-blalak)
6.
Imbuham-um
-
lumaku (laku) - sumebar
(sebar)
-
gumantung (gantung) - gumrojog (grojog)
-
sumaur (saur) - cumawis
(cawis)
-
kumampul (kampul) - tumata (tata)
7.
Angka Jawa:
1. 1 3. 3 5. 5 7. 7 9. 9
2. 2 4. 4 6. 6 8. 8 0. 0
bayarane bapak 750 ewu rupiyah
byr[n bpk\ ;750;[awu rupiyh
8.
Cangkriman / bedhekan
- Kabel, cangkrimane:
Bapak pucung
Dudu tampar dudu dhadhung
Dawa kaya ula
Penclokanmu kayu garing
Prapting griya
Si pucung ngelokake cahya
- Tuma, cangkrimane:
Turune ing
endhas, mangane ing endhas, bebuwang uga ing endhas.
- Sepur, cangkrimane:
Bapak pucung
Renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi, iring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
-
Pitik walik saba amben = sulak
-
Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong = kates
-
Lawa 5, kalong 3 dadi pira? = 8
-
Ing ndhuwur lawang ana cecak, yen cecak lunga lawang iku dadi kewan sing
bisa mabur, kewan apa iku? = lawa
9.
kalimat langsung/kandha menjadi
kalimat tak langsung
- Mas Bayu takon marang agus,
“kowe mau mrene karo sapa?” (ukara langsung)
Mas Bayu takon marang agus, karo sapa agus mau olehe mrene. (ukara ora
langsung)
-
Sari kandha,”aku mengko arep tuku
gula jawa ing pasar.” (ukara langsung)
Sari kandha menawa dheweke arep tuku gula jawa ing pasar. (ukara ora
langsung)
10. Aksara Jawa lan pasangane:
a H n
N c
C r R k K fL tT
ha na ca ra ka da ta
sS w W l L p
P dD j J y Y
sa wa la pa dha ja ya
v V m M g G b B q Q z Z
nya ma
ga
ba tha nga
belajarku wiwit jam 5 sore
belj/ku wiwitJm\ ;5;[so[r
11. kalimat yang berpola SPOK/JWLK :Bapak maos koran
ing ruang tamu
J W
L K (ket. Panggonan)
12. Perangane layang:
13. Parikan
PARIKAN
1.
Abang-abang ora legi,
kadhung
nantang ora wani.
2.
Wajik klethik gula jawa,
luwih becik
sing prasaja.
3.
Yeng kembang kembange kacang,
Dudu
kembange puspa nyidra,
Sih cilik
dikudang-kudang
Bareng
gedhe gawe rekasa
4.
Nyunggi Ember ngiwa nengen
Lungguh jejer nggo tamba kangen.
5.
Wedang bubuk gula tebu,
mata
ngantuk njaluk turu.
6.
Abang-abang ora legi,
kadung
nantang ora wani.
7.
manuk emprit nucuk pari,
dadi murid
sing teberi.
8.
wit kecipir mrambat kawat,
ora mampir
anggere liwat.
|
9.
elor kedhung kidul ya kedhung,
kedhung
gedhe akeh iwake,
Bapak
nundhung simbok ya nundhung
kowe dewe
malah ngayekake.
10. iwak yuyu iwak wader,
pethuk
bulus lagi silem,
yen sinau
dadi pinter,
mbesuk
lulus ati ayem.
11. iwak lele mati kethuthuk,
sandatane
pring oratan,
ngawe-awe
sing kalung andhuk,
entenane
ing prapatan.
12. uwit jeruk amba godhonge,
wohe mateng
dipethik bocah,
aja umuk
yen lagi duwe,
entenane
sesuke susah
13.
kutha sala dalane rame,
sriwedari
tengah pernahe,
aku gela
amarga kowe,
angger
janji arang nyatane.
|
14. Ukara tanduk (kal. Aktif) lan ukara tanggap (kal. Pasif)
Ukara tanduk
|
Ukara Tanggap
|
1. Mbak Titin nampa
layange Dina
2. Pak Mansur nimbali Galih
3. Aku nyilih bukune Ratna
|
1. Layange Dina ditampa Mabak Titin
2. Galih ditimbali Pak Mansur
3. Bukune Ratna taksilih
|
15. Dwilingga salin swara
Toleh = tolah-toleh
Takon = tokan-takon
Mlaku = mloka-mlaku
16. Senjata/gaman tokoh pandhawa
- Yudhistira / Puntadewa (pembarep)= jimat kalimasada
- Werkudara / Bima sena (nomer loro)= kuku pancanaka, gada rujakpolo,
lukitasari
- Arjuna /
Janaka / Permadi (panengah) = keris pulanggeni, keris kalanadhah, panah
sarotama, pnh. Pasopati
17. Paribasan
Rawe-rawe rantas, malang malang putung (Sakabehe pepalang bisa disingkirake
kanggo nggayuh kan dikarepake)
Dudu sanak dudu kadang, yen ilang meli kelangan (Nadyan wong liya, yen
nandhang sengsara kudu dibelani)
Gupak pulut, ora mangan nangkane (Melu rakasa nanging ora melu ngrasakake
kepenake)
Kriwikan dadi grojogan (Prakara sepele dadi prakara gedhe)
Suwe mijit wohing ranti (Pegawean sing gampang dilakoni utawa dirampungake)
Anak polah bapa kepradah (Wong tuwa nemu alangan amarga saka polahe aneke)
Bathok bolu isi madu (Wong asor nanging duwe kepinteran)
Dewenehi ati ngrogoh rempela (Wis dhiwenehi setithik, banjur njaluk luwih
akeh)
Jer basuki mawa beya (Kabeh gegayuhan mbutuhake wragad)
Kaya banyu karo lenga (Paseduluran kang ora bisa rukun)
Mburu uceng kelangan dheleg (Mburu barang sing sepele malah kelangan barang
sing luwih aji)
Kacang ora ninggal lanjaran (kebiyasakane anak niru wong tuwane)
18. Aji-aji dari tokoh dalam cerita wayang
-
Arjuna / Janaka / Permadi (panengah)= aji sepiangin, cundha manik,
-
Yudhistira / Puntadewa (pembarep)=jimat kalimasada,
-
Werkudara / Bima sena (nomer loro)=kutang antakesuma,
-
Prabu Destrastra= aji grayang
-
R. Gathutkaca= aji narantaka,
-
P. Dasamuka
-
P. Suteja aji pancasona
-
Resi Subali
19. Ater-ater (awalan) tripurusa: dak, kok, di
Daksapu koksapu disapu
20. Tembung pepindhan
-
aluse kaya sutra -
suguhane mbayu mili
-
bantere kaya angin -
bedane kaya langit karo bumi
-
galake kaya buta -
kesite kaya laler
-
kesite kaya kadhal -
nyengite kaya dhemit
-
klular-klulur kaya tumo suwal
-
lembeyane kaya mblarak sempal
-
thingak-thinguk kaya kethek
ditulup dll.
21. Tembang macapat ana 11
-
Mijil -
Asmaradana - Durna
-
Maskumambang -
Dhandhanggula - Megatruh
-
Gambuh -
Kinanthi - Pucung
-
Sinom -
Pangkur
Tembang kinanthi
Laras Slendro
Wajibe kawula iku
Padha asung darma bekti
Tumrap marang nusa bangsa
Memayu harjaning nagri
Gotong royong bebarengan
Away ana ingkang keri
|
Tembang Kinanthi
Pundi ta wajibing ibu
Kang abot ngungkuli bumi
Nenggih wiwit ngandhut putra
Sangang candra dasa ari
Manjing tapa ulah brata
Anggung meleng hing pengesthi
Dumugi ing mangsanipun
Lair ponang jabang bayi
Baya tan kenging sembrana
Lamun weya tekeng lalis
Lali-lali den elingna
Yeku aran perang sabil
|
22. Ngoko Krama inggil
Nggawa ngasta
Turu sare
Tangi turu wungu
Maca maos
Ngombe ngunjuk
Mangan dhahar
Ngomong ngendikan,
dhawuh
Adus siram
23. Guru wilangan ( jumlahe/akehe suku tembung saben
sagatra/sabaris) gatra ke-3 pada tembang pucung
Bapak pucung =4
Dudu watu dudugunung=8
Sabamu ing alas=6
Ngon-ingone sang Bupati=8
Prapteng marga si pucung lembehan
grana=12
24. Jenenge negara tokoh cerita wayang:
- Yudhistira / Puntadewa ing Ngamartha - Prabu Mastwapati ing Wiratha
- Werkudara / Bima sena ing Jodhipati -
P. Pandhudhewanata ing Ngastina
- Arjuna / Janaka / Permadi ing Madukara -
P. Dasamuka ing Ngalengka
- Nakula ing Bumi retalu/Gumbiratalun -
Gathutkaca ing Pringgodani
- Sadewa ing Sawojajar -
Abimanyu ing Plangkawati
25. Mengubah Kalimat aktif (tanduk) dan kalimat pasif (tanggap)
-
Mbak Ratna nampa layange Sari (tanduk/aktif)
-
Layange Sari ditampa mabak Ratna
(tanggap/pasif)
26. Ukara purwakanthi guru swara
-
Abang-abang mburi lawang kae
tibake dubang
-
Pangkate cilik, pegaweyane iplik,
bayare mung sethithik
-
Wong urip iku kudu tegen, rigen,
lan mugen.
http://rangkumanbj.blogspot.co.id/2014/12/rangkuman-bahasa-jawa.html?m=1
Out Of Topic Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon