SOAL LATIHAN B.JAWA

16.    Sus,apa sing ….. Bu Guru mau?”


Yen ukara kasebut diucapake Susi marang kancane sing bener dijangkepi nganggo tembung……

a.     Dikandhakake                                     c. dipundhawuhaken

b.     Diomongake                                         d. didhawuhake


17.    Ing ngisor iki  mujudake  tuladha ukara kang nganggo basa ngoko alus yaiku….

a.                 Panjenengan apa wis sare?

b.                 Panjenengan apa wis tilem?

c.                  Sampeyan apa wis sare?

d.                 Sampeyan apa wis tilem?


18.          Alex          : “ Gus, kowe apa ora ndeleng karnaval?”

Agus       : “ Ora, aku lagi aras-arasen metu.”

Alex        : “ Aku pengin ndeleng, kancanana ya!”

Agus       : “ Ya wis, ayo!”


Ukara pacelathon ing ndhuwur nggunakake basa…

a.       Ngoko lugu   b. ngoko andhap c.krama lugu                        d.krama alus


19.    Aku dhek wingi lunga menyang Surabaya numpak bis.Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama alus sing bener….

a.                 Kula kala wingi tindak dhateng Surabaya numpak bis.

b.                 Kula kala wingi tindak dhateng Surabaya nitih bis.

c.                  Kula kala wingi kesah dhateng Surabaya numpak bis.

d.                 Kula kala wingi kesah dhateng Surabaya nitih bis.


20.    Ukara ing ngisor iki sing migunakake unggah –ungguh basa sing bener yaiku….

a.                 Panjenengan nedha menapa?

b.                 Kula ngunjuk wedang kopi.

c.                  Bapak tilem wonten kamar.

d.                 Pak Rais badhe tindak pundi?
Previous
Next Post »
Thanks for your comment