Semaken tembang macapat ing ngisor iki kanthi permati!
                             Sekar Dhandhanggula Maskentar Pelog Nem
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sami anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira sang prabu
Sasrabahu ing Mahespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingang denantepi
Nuhoni trah utama
                             (Serat Tripama KGPAA Mangkoenegara IV)
26.  Guru gatrane tembang ing dhuwur ana ....
A. 7
B. 8
C. 9
D. 10
27.  Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu yaiku ....
A. 8e
B. 10a
C. 11u
D. 12u
28.  Sing nganggit tembang kasebut yaiku ....
A. KGPAA Mangkunegara IV
B. Pakubuwana IV
C. Ranggawarsita
D. Patih Suwanda
29.  Watake tembang dhandhanggula yaiku ....
A. luwes
B. seneng
C. galak
D. grapyak
30.  Tembang ing ngisor iki kang ora kalebu tembang macapat yaiku ....
A. megatruh
B. wulangreh
C. asmarandana
D. pangkur
Previous
Next Post »
Thanks for your comment