Manut
ewah-ewahan jaman, saiki ragam basa Jawa mung kapantha dadi loro yaiku basa
ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha maneh dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko
alus. Dene basa krama uga kapantha dadi loro yaiku krama lugu lan krama alus.
Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus kaya kang kaandharake
ing ngisor iki.
a.
Ngoko
Lugu
Ngoko lugu wujude kabeh
tetembungane migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu digunakake kanggo
omong-omongan antarane wong sing wis kekancan akrab lan wong tua marang anake.
Tuladha:
1) Kowe
mengko neng ngomah apa ora?
2) Amir
ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3) Kowe
sida melu bapak menyang Sala apa ora ndug?
4) Mengko
bengi sinau bareng neng ngomahmu ya?
b.
Ngoko
Alus
Ngoko alus wujude tembung-tembung
ngoko kang dicampuri tembung krama kanggo ngajeni wong sing diajak
omong-omongan. Ngoko alus biayasane digunakake kanggo omong-omongan antarane
wong diwasa sing wis akrab ananging isih padha ngajeni, wong tuwa marang wong
nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing diajeni.
Tuladha:
1) Pak
Amin wis rawuh apa durung?
2) Panjenengan
arep tindak menyang Semarang dina apa?
3) Mas
Anto arep siram saiki apa mengko?
4) Wingi
Pak Dhe rawuhe nitih motor mabur.
c.
Krama
Lugu
Krama lugu wujude kabeh tetembungane
nganggo tembung krama ananging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko.
Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo
wong kang arep tuku.
Tuladha:
1) Sampeyan
mundhute sayur ingkang pundi?
2) Mangke
kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3) Kopine
sampun diunjuk eyang kakung.
4) Bapak
kundure mangke jam kalih.
d.
Krama
Alus
Krama alus wujude kabeh tetembungane
krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong
tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.
Tuladha:
1) Mangga
pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2) Menawi
sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3) Bapak
lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4) Pak,
kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.
http://hayyun-rosadha.blogspot.co.id/2012/11/unggah-ungguh-basa-jawa_29.html
Out Of Topic Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon