SOAL LATIHAN B.JAWA



Ing babagan budi pekerti ing kene, kang dirembug mligi bab katresnan paseduluran utawa tresna kang tumanduk marang sesamaning manungsa. Jroning bebrayan, luwih becik manungsa siji lan sijine duwe sikep utawa rasa sumadulur, tegese kabeh manungsa dianggep sedulure, kang tandhane padha srawung kanthi supeket, mad-sinamadan jroning patembayatan kang rukun, gotong royong tulung tinulung, adoh saka watak candhala sarta drengki lan srei.

Jroning bebrayan kang linambaran paseduluran, mesthine adoh saka cecongkrahan, kang tundhone nuwuhake bingget laraning ati, apamaneh nglarani raga awit sing siji nganiaya marang liyane.

                                    (Panyebar Semangat No. 43, 5 Nopember 2011)


51.    Miturut wacan ing ndhuwur, katresnan paseduluran iku:

a.   katresnan jroning bebrayan.

b.    katresnan antarane priya lan wanita.

c.    tresna antarane bangsa siji marang bangsa liyane.

d.    tresna kang tumanduk marang sesamaning manungsa.


52.   Gagasan pokok wacan saalinea ing ndhuwur yaiku…

a. Jroning urip manungsa kudu srawung.

b. Katresnan iku kudu katindakake kanthi tenan.

c. Jroning bebrayan, kudu linambaran paseduluran adoh saka cecongkrahan.

d. Tandhane tresna iku padha srawung kanthi supeket, mad-sinamadan.



53.   Kang ngrusak rasa paseduluran iku antara liya…

     a. gotong royong                                                    c. mad-sinamadan

     b. bingget laraning ati                                             d. drengki srei


54.               Resek utawa uwuh pancen  kudu dipikirake kanthi teliti, luwih-luwih carane mbuwang, kudu dipapanake ing panggonan sing sak mesthine lan kudu primpen banget, aja nganti mawut-mawut. Yen mbuwang resek mung saenggon-enggon mundhak ngundang lan nyuburake uripe laler. Laler mono kewan cilik kang bisa nularake warna-warna lelara. Supaya panggonan kanggo mbuwang resek ora dirubung laler, kudu ditutup, lan samangsa-mangsa kudu diobong utawa dipendhem.


Becike mbuwang resek  miturut wacan ing ndhuwur yaiku:

a.     Bisa dibuwang ing sembarang panggonan pokoke aja nganti dirubung laler.

b.    Kudu dipendhem saenggon-enggon.

c.    Dibuwang ing “tempat sampah” ora usah diobong utawa dipendhem.

d.    Kudu dipapanake ing panggonan sing samesthine lan kudu primpen banget lan samangsa-mangsa kudu diobong utawa dipendhem.


55.   Isi sing baku saka wacan sapada ing ndhuwur yaiku....

a.    Laler bisa nularake warna-warna lelara.

b.    Carane mbuwang resek kudu dipikirake kanthi teliti.

c.    Carane gawe “tempat sampah”.

d.    Yen mbuwang resek saenggon-enggon bisa nyuburake uripe laler.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment