CONTOH SOAL UAS 1 KELAS IX MAPEL BAHASA JAWA

21. sbenKeluw/grtrtzsil[ksmPh ;0,5;ki[log]mSbenFin[n
Manut wacan ing ndhuwur, saben dinane, saben keluarga ngasilake sampah....
a.       0,5 kg
b.      1,0 kg
c.       1,5 kg
d.      2,0 kg
22.  Puisi Jawa gagrag anyar lumrah diarani geguritan. Nalika nulis geguritan, perlu nggatekake tembung-tembung ing ngisor iki, kejaba....
a.       nemtokake tema
b.      nengenake purwakanthi
c.       nemenake diksi
d.      nemenake guru wilangan
Gatekna tuladhane geguritan ing ngisor iki!
Kitiran janur ing tengahing sawah
Mubeng mungser nambani ati sayah
Bocah-bocah mlayu dolanan glagah
Eseme bocah angon katon sumringah
            Ela elo aja ngenyek aku wong desa
            Ela-elo ojo umuk kowe wong kutha
            Delengen esuk ing kene isih ana manuk
            Delengen esuk ing kene ish ana gumuk
Ijone pari tansah bisa gawe tentreme ati
Beninge kali tansah bisa gawe anyese jiwa
23.  Geguritan ing ndhuwur nyeritakake….
a.       kaendahane alam pegunungan
b.      kandahane alam padesan
c.       bocah desa kang lagi layangan
d.      bocah desaa kang lagi dolanan kitiran
24.  Kaendahane geguritan, salah sijine gumantung purwakanthi.
Kang ora kalebu jenise purwakanthi yaiku….
a.       purwakanthi guru basa
b.      purwakanthi guru swara
c.       purwakanthi guru sastra
d.      purwakanthi guru gatra
25.  Tuladhane purwakanthi guru swara tinemu ing…
a.       desa mawa cara Negara mawa tata
b.      dluman, slumun, slamet
c.       dujak dondong, rujake sisane kalong
d.      jer basuki mawa beya
Wondene keperluwan ingkang katindakaken dening tiyang dhateng putra antawisipun, mengeti sekawan wulan menggah putra ingkang wonten guwa garbanipun ingkang ibu.
26.  Pahargyan mengeti sekawan wulan wonten ing teks nginggil dipunwastani ...
a.       ngupati
b.      tingkeban
c.       brokohan
d.      supitan
27.  Upacara adat tingkeban yaiku mengeti calon jabang bayi nalika umur ...
a.       4 wulan
b.      5 wulan
c.       6 wulan
d.      7 wulan
28.  Pihak kakung nyerahake ubarampe lan biaya sing bakal kanggo pesta pengantenan.
Upacara adat sing trep kanggo perangan iki yaiku ....
a.       siraman
b.      midodareni
c.       paningsetan
d.      srah-srahan
29.  Upacara iki minangka pralambang ngresikake jiwa calon penganten.
Upacara adat sing trep kanggo perangan iki yaiku ....
a.       siraman
b.      midodareni
c.       paningsetan
d.      srah-srahan
30.  Pahargyan  menika katindakake nalika putra sampun ngancik umur sangan wulan.
Pahargyan kang trep kaliyan ukara  menika ....
a.       tingkeban
b.      brokohan
c.       supitan
d.      tedak siti
Previous
Next Post »
Thanks for your comment