Bab Kang kudu di gatetake Nulis Tembang Macapat

Bab Kang kudu di gatetake Nulis Tembang Macapat

Tumrape para siswa, sakliyane sinau tembang Macapat uga bisa sinau gawe tembang Macapat. Carane nggawe tembang Macapat Kanthi nggatekake paugerane tembang, yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kajaba nggatekake paugeran kasebut uga kudu nggatekake tembung tembung kang dadi sasmitaning tembang lan wewatekane tembang Macapat. Kanthi paugeran guru gatra, guru wilangan, guru8 lagu, sasmita tembang, lan wataking tembang kita bisa ngarang tembang macapat.
Ing isor iki, bab bab kang kudu digatekake supaya gampang anggone ngarang tembang, yaiku : 
  1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang , supaya bisa mangerteni wewatekane tembang.
  2. Temtokna tembang sing arep digawe.
  3. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
  4. Gawe ukara ukara sing salaras karo paugerane tembang.
  5. Tembung tembung lan ukara ukara kang wis digawe mau banjur ditaliti maneh.

http://www.febrian.web.id/2016/03/bab-kang-kudu-di-gatetake-nulis-tembang.html
Previous
Next Post »
Thanks for your comment