SOAL LATIHAN B.JAWA

56.  Wacan pacelathon ing ngisor iki wacanen kanthi teliti.

Aldi                     :    “Pak, kula dereng ngertos sinten ta Prabu Dhestarasta punika?”

Pak Heri             :    “Pabru Dhestarasta iku ramane Korawa kang jumeneng ratu ing Praja Ngastina.”

Vera                   :    “Pak, kula inggih dereng ngertos, sinten ta Prabu Pandhu Dewanata?”

Pak Heri                  : “Apa bocah-bocah ana sing nyoba mangsuli kancamu si Vera?”

Aldi                     :    “Kula Pak! Pandhu punika ramanipun Pandhawa ingkang seda kala Pandhawa taksih alit. Mila Pandhawa dipun titipaken dhateng Ngastina.


Sing disuwunake pirsa Aldi  marang Pak Heri yaiku…

      a.   Sapa ta Prabu Dhestarastra iku                     c. sapa ta Pandhawa lan Korawa iku

      b  . ngenani wayang purwa                                   d. ngenani rebutan negara Ngastina


57.    Dene sing disuwunake pirsa Vera marang  Pak Heri yaiku ...

a.    ngenani Prabu Destarastra                             c. ngenani Pandhawa lan Korawa

b.    ngenani Prabu Pandhu  Dewanata                 d. ngenani Ngastina lan Ngamarta


58.    Ramane para Korawa iku….

a. Dhestarastra     b. Duryudana              c. Pandhu                    d. Sangkuni


59.    Dene ramane  para Pandhawa iku….

      a. Pandhu              b. Dhestarastra           c. Duryudana              d. Bhisma


60.                P0CUNG

Putra iku, yoga tansah amituhu,

Dhawuhing wong tuwa,

Iku kabeh migunani,

Setya tuhu datan ninggal subasita.


Tembang Pocung sapada ing ndhuwur iku isine:

a.  pituture anak kanggo wong tuwa                     c. critane guru kanggo siswa

b.  pituture wong tuwa kanggo anak                     d. pituturte ibu kanggo bocah cilik

Previous
Next Post »
Thanks for your comment