1. Naskah kang isine pituduh-pituduh pangripta, pacelathon paraga, serta
katrangan kang magepokan karo latar lan suasana panggung diarani…….
2. Apa tegese casting lan improvisasi jroning drama?
3. Drama binangun saka 3 (telung) perangan, sebutna lan wewehana
katrangan sacukupe!
4. Apa bedane solilokui lan aside?
5. Jlentrehna (terangna) bedane pranata cara lan pamedhar sabda!
6. Amrih bisane dadi pranata cara kang apik bisa digayuh kanthi gladhen
lan sarat laku pitung perkara kanga ran “ Saptama Pangolahing Raga” Apa
tegese magatra, maraga lan matanggap jroning laku kasebut?
7. Sebutna tugas jejibahane pranata laksitaning adicara !
8. Wacanen paragraph iki kanthi setiti !
Seumpama para siswa gelem sinau nabuh gamelan ateges kudu gelem kaiket
dening tatanan kang baku tinamtu. Umpamane bab cara trapsila lungguhe
nyekele tabuh, lirih rempek larah-larah panuthuke, lan sakpiturute.
a. Paragraph kasebut kalebu pola pikir apa?
b. Gagasan baku paragraph kasebut………
9. Tulisen ukoro ing ngisor iki nganggo aksara jawa!
Bocah-bocah padha sinau basa jawa kanggo ngadhepi ulangan tengah
semester.
10. Wacanen sing titi ukara kang tinulis nganggo aksara jawa iki, banjur
salinen nganggo aksara / huruf latin !
Next
« Prev Post
« Prev Post
Previous
Next Post »
Next Post »
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Out Of Topic Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon