Tembang Macapat lengkap

Tembang Macapat lengkap 

 Tembang Macapat
Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu, yaiku nduweni guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

  • Guru Gatra, yaiku cacahe larik saben pada.
  • Guru Wilangan, yaiku cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra.
  • Guru Lagu, yaiku tibane swara ing pungkasane saben gatra.
Jinis-jinis tembang macapat
  • Mijil
  • Kinanthi
  • Sinom
  • Asmarandana
  • Dhandhanggula
  • Gambuh
  • Maskumambang
  • Durma
  • Pangkur
  • Megatruh
  • Pucung
Paugerane Tembang Macapat
Jinise Tembang
Guru Gatra
Guru Wilangan lan Guru Lagu
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
Mijil
6
10i
6o
10e
10i
6i
6u
Kinanthi
6
8u
8i
8a
8i
8a
8i
Sinom
9
8a
8i
8a
8i
7i
8u
7a
8i
12a
Asmarandana
7
8i
8a
8e
8a
7a
8u
8a
Dhandhanggula
10
10i
10a
8e
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a
Gambuh
5
7u
12u
23i
8u
8o
Maskumambang
4
12i
6a
8i
8a
Durma
7
12a
7i
6a
7a
8i
5a
7i
Pangkur
7
8a
11i
8u
7a
12u
8a
8i
Megatruh
5
12u
8i
8u
8i
8o
Pucung
4
12u
6a
8i
12a

Sasmita lan Wewatakane Tembang Macapat

Tembang
Sasmitane
Wewatakane
Mijil
Mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
Tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur nasehat lan uga crita katresnan utawa asmara
Kinanthi
Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil
Seneng, tresna asih, mitutura, nulandhani, mula lumrahe, kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih
Sinom
Sinom, taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, log-ondang, rema, pangrawit, mudha
Sabar grapyak, lamn sumanak mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur
Asmaradana
Asmaranda, asmara, brangta, kingkin, yungyun
Tresna asih lan sedih, mula pantes kanggo nelaka-ke rasa brangta, kayungyun, tresna asih, lan crita katresnan liyane
Dhandhanggula
Dhandhanggula, sarkara, hartati, dhandang, madu, manis, sari brema, gula, drawa gagak, kaga, tresna
Luwes, kewes lan ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae ing ngendi bae, lan kahanan apa bae
Gambuh
Gambuh, buh, jumbuh, tambuh
Grapayak, sumanak, mula cocok kanggo nyritake pitutur
Maskumambang
Maskumambang, kampul, maskentir, kambang, kentir
Susah utawa sedih lan melas asih mula cocok kanggo nelakake rasa kasedihan kang ngenesake
Durma
Durma, dur, undur, sirna, galak
Galak, seneng, lang ngemu kenepson, mula cocok kanggo wong kang ana ing kahanan paprangan
Pangkur
Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka
Seneng, antepan ati lan gagah, mula pantes kanggo nyritakake crita kagol, mankelake, pitutur kang disebakake rasa mangkel lan ugahan kahanan paprangan
Megatruh
Dudukwuluh, truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh
Sedih lan kentekan pangarep-arep lumrah kanggo nelakake crita kang nggrantasake ati
Pucung
Pucung, kaluwak, wanda, cung
Sakepenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur

Sekian penjelasannya tentang Tembang Macapat. Semoga Bermanfaat. Jangan lupa untuk di share agar ilmunya bermanfaat.


 http://www.gerbangilmu.com/2016/05/tembang-macapat-lengkap.html
Previous
Next Post »
Thanks for your comment