SOAL LATIHAN B.JAWA

41.    Tembang-tembang ing ngisor iki sing kalebu tembang dolanan yaiku…..

a.       Alun-alun Nganjuk, Sewu Kutha.

b.       Cublak-cublak Suweng, Menthog-menthog.

c.        Pucung, Dhandhanggula.

d.       Stasiun Balapan, Anoman Obong.


42.    Jago kate te te te kukukluruk kok

Amemece ce ce ce kukukluruk

Dibalang watu bocah gundhul

Keok kena telihe, jranthal pelayune

Mari umuk mari ngece

Si kate katon yen tukung


Cakepan tembang ing dhuwur mujudake cakepane tembang dolanan…..

a.       Pitik Tukung         b. Bocah Gundhul               c. Jago Kate          d. Kukukluruk


43.    Ukara ing ngisor iki sing polane J-W-L-K (piranti) yaiku….

a.       Tiara nyiram kembang.

b.       Pak Umar nandur gedhang ing tegalan.

c.        Putri nulis layang nganggo polpen.

d.       Pitik  ngendhog wolu.


44.    Raden Gathutkaca iku minangka satriya gagah prakosa.

Ukara ing ndhuwur sing mujudake tembung saroja yaiku….

a.       Raden Gathutkaca                                     c. minangka

b.       Satriya                                                           d. gagah prakosa


45.    Tembung ing ngisor iki sing mujudake tembung entar yaiku….

a.       Abang mbranang                                        c. tipis lambene

b.       Papa cintraka                                               d. edi peni
Previous
Next Post »
Thanks for your comment