Bahan Lomba Geguritan

Sing dienggo lomba bahane bisa milih salah siji ing ngisor iki :
a. Geguritan anggitane Bambang Nursinggih, Aja Kuwatir Pahlawanku.
 
b. Geguritan anggitane Wisnoe Wardhana, Laku Utama
 
c. Geguritan anggitane Drs. Wahyu S.T, Piwelinge Ibu.
 
LAKU UTAMA
Anggitane : Wisnu Wardhana
Lakuning urip para satriya
laku yeku tata cara
tata mamrih tumatane jagad
cara murih gangsaring panindak
tumuju mring karahayon
ayuning tri buwana
lestarining kamulyan jati.
Urip teges makarti
kanthi pakarti kang pekoleh
lelambaran budi luhur
kalakon lumaku mulus
rawe-rawe rantas malang-malang putung
sagung pepalang ing marga
satriya hambengkas karya
nora mindhon gaweni
Satriya rembesing madu
solah bawa manis titis
tedhaking amara tapa
suci nora kaworan rereged
turasing andana warih
sung pepadhang myang pamudharan
Laku utama nora biyen saiki
lakuning jalma linuwih
kaluwihan tapa brata
kalebu ing jagad rame
ing ngendi ana, ana perbawa
sunaring kabecikan
aruming kaendahan
tumanduk samaning gesang
rumesep ing balung sungsum
resep idhep-idhep mantep.
 
 
PIWELINGE IBU
Anggitane : Drs. Wahyu ST
Ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendang
kesandhung gelung
kagubel kalung
Ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kacekel anggonmu mbujung
aku tansah eling piwelinge ibu
nalika aku arep budhal sinau
Ngger, urip mono awujud laku
ombyaking donya aja kapaelu
aja kapilut gebyaring lampu
kang kairing jejogedan lan gumuyu
Ngger, urip kang prasaja
aja mung mburu barang donya
ditansah eling lan waspada
swarga ora dumunung ing kedheping netra
tansaha dedonga marang kang maha kwasa
Matur nuwun ibu
pangandikamu rumasuk ing balung sumsumku
pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
saengga paiting bratawali ora tau keprungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
kang putra tansah nyuwun pangestu.



http://bibinaujawa.blogspot.co.id/2013/12/materi-kelas-ix-semester-1_12.html 
Previous
Next Post »
Thanks for your comment