CONTOH SOAL UJIAN AKHIR SMP MAPEL BAHASA JAWA



Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D ing jawaban sing kokanggep bener!
Wacanen wara-wara ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 1, 2, lan 3!



WARA-WARA
No. : 12/OSIS/2012
Kanggo ngisi acara semester gasal, OSIS SMP Negeri 12 Pekalongan nganakake acara lomba pidhato basa Jawa. Lomba dianakake kanggo siswa kelas VII nganti kelas IX.
Panggonan       : Ruang Aula
Dina/Tanggal   : Sabtu, 31 Desember 2011
Tabuh              : 08.00 WIB
Saben Kelas diajab ngirimake wakile minimal loro, yaiku siji siswa lanang lan siji siswa wadon.
Pekalongan, 20 Desember 2011
Ketua OSIS
Chamaludin
 
1.      Isi wara-wara kasebut menehi kabar babagan ....
A. pengetan 17 Agustus
B. ulang taun sekolah
C. lomba pidhato basa Jawa
D. liburan semester gasal
2.      Wara-wara kasebut katujokake kanggo ....
A. guru
B. karyawan
C. siswa-siswi
D. kepala sekolah
3.      Wara-wara iku digawe ing tanggal ....
A. 20 Desember 2011
B. 23 Desember 2011
C. 27 Desember 2011
D. 31 Desember 2011
4.      Tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran wutuh yaiku ....
A. parikesit
B. dubang
C. lunglit
D. botrepot
5.      Yen libur gaweane mung tura-turu wae. Tembung kang kacithak miring kalebu tambung rangkep ....
A. dwi lingga wantah
B. dwi lingga salin swara
C. dwi lingga semu
D. dwi wasana
6.      Awan iki langite kathon padhang njingglang. Padhang njingglang tegese ....
A. radha padhang
B. radha peteng
C. padhang banget
D. peteng banget
Wacanen pethikan sesorah ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon angka 7 lan 8!
Panjenenganipun Ibu Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak Ibu guru saha Staf Karyawan ingkang dahat kinurmatan, lan sedaya para kanca ingkang kula tresnani.
Alhamdulillah kanthi rahmating Gusti ingkang Maha Agung ing wekdal menika kula panjengan sedaya saged pepanggihan wonten ing aula menika saperlu mahargya pengetan dinten Ibu Kartini.
7.      Pethikan sesorah kasebut kalebu perangan ....
A. pambukaning sesorah
B. pangarep-arep
C. isineng sesorah
D. panutuping sesorah
8.      Sesorah kasebut diaturake ing acara ....
A. pengetan dinten kamardikan
B. pengetan dinten pendhidhikan nasional
C. pengetan dinten pahlawan
D. pengetan dinten Ibu Kartini
9.      Kang ora diandharake ing perangan panutupe sesorah yaiku ....
A. dudutan
B. muji syukur
C. pangarep-arep
D. njaluk pangapura
10.  Ani rambute ... nggawe seneng wong sing nyawang. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ....
A. naggal sepisan
B. miji timun
C. ngembang bakung
D. liyep lindri

 
 
 
 http://hayyun-rosadha.blogspot.co.id/2012/11/tuladha-soal-ujian-akhir-sekolah-mapel.html
Previous
Next Post »
Thanks for your comment