Sesorah / Pidhato
Assalamu’alaikum Wr Wb
Ing dina iki kita arep sinau basa jawa. Ing postingan iki arep
dibahas apa kuwi sing arane sesorah utawi pidhato. Sadurunge sesorah utawi
pidhato, kudu ngerti apa iku sing diarani sesorah, apa wae jinis-jinise, apa
wae sing bab-bab kang digatekake nalika sesorah, lan kudu ngerti cengkorongane
sesorah. Langsung wae kita bahas siji-siji ing ngisor iki.
Pangerten
Sesorah yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe
wong akeh kanggo ngandharake pemanggih utawi ide.
Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :
1.
Nyiapake
underan / tema sesorah.
2.
Nyiutake
tema dadi irah-irahan (judul).
3.
Naliti
kahanan pamiarsa.
4.
Ndamel
cengkorongan / kerangka sesorah.
5.
Nemtokake
ancase / tujuane sesorah.
6.
Ngempalake
bahan sesorah.
7.
Ngembangake
/ ngrembaakake cengkorongan.
8.
Gladhen
sesorah.
Metode-metode
sesorah :
1.
Metode
maca sawutuhe
Yaiku
sesorah kang ditindakake kanthi maca teks.
2.
Metode
hafalan
Yaiku
sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
3.
Metode
pandom lajer
Yaiku
sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
4.
Metode
impromptu (dadakan)
Yaiku
sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.
Jinis-jinising
sesorah :
1.
Sesorah
miturut ancase (tujuan) :
·
Menehi
informasi / pemanggih.
·
Menehi
panglipur.
·
Kanggo
pangajak-ajak.
2.
Miturut
kahanane sesorah :
·
Sesorah
resmi.
·
Sesorah
setengah resmi.
·
Sesorah
ora resmi.
3.
Miturut
pendekatan isine sesorah :
·
Sesorah
intelektual.
·
Sesorah
moral.
Cengkorongan
/ kerangka sesorah :
1.
Salam
pambuka
2.
Purwaka
(pambuka)
·
Atur
pakurmatan (marang wong sing rawuh)
·
Atur
puji syukur
·
Atur
panuwun
3.
Isi
(surasa)
4.
Dudutan
/ wigati / ringkesan
5.
Pengarep-arep
6.
Panutup
(wusana)
7.
Salam
panutup
Samene wae
postingan kula, mugi-mugi manfaat. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr Wb
Out Of Topic Show Konversi KodeHide Konversi Kode Show EmoticonHide Emoticon