CONTOH SOAL UAS 1 KELAS IX MAPEL BAHASA JAWA

11.  Ukara loro utawa luwih kang digandheng dadi siji migunakake tandha koma utawa tembung panggandheng diarani ukara camboran. Tuladhane tembung camboran tinemu ing ukara ngisor iki, kejaba…
a.       Bapak mirsani tv dene ibu maos Koran.
b.      Aku maem bakwan, dene adik pisang goreng.
c.       Ibu mundhut iwak, banjur sayuran.
d.      Bocah-bocah kelas VII padha bal-balan ing lapangan.
12.  Bapak ora tindak kantor amarga gerah padharan.
Ukara ing ndhuwur kalebu jenise ukara camboran….
a.       Camboran sedrajat
b.      Camboran sungsun
c.       Camboran raketan jejer
d.      Camboran raketan wasesa
13.  Aku sinau basa Jawa
Dina sinau matematika
Ukara-ukara ing ndhuwur yen didadekake ukara camboran raketan wasesa yaiku…
a.       Aku sinau basa Jawa dene Dina sinau matematika.
b.      Aku sinau basa Jawa lan Dina sinau matematika.
c.       Aku sinau basa Jawa dene Dina matematika.
d.      Aku sinau basa Jawa nalika Dina sinau matematika.
Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Agus               :      “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT during?”
Bambang         :      ”uwis, undhangan kerja bakti ta?”
Agus               :      ”iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan mantenan kancaku.
Bambang         :      ”Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesuk teka dhisik ing papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.
14.  Manut isining pacelathon. Agus lan bambang ngrembug bab….
a.       kerja bakti
b.      kondangan
c.       ngaturi undhangan
d.      sowan pak RT
15.  Panganggone ukara pitakon ing pacelathon ndhuwur tinemu ing…
a.       Bang, wis oleh undhangan seka pak RT durung?
b.      Iya bener, nanging dina iki aku ngepasi oleh undhangan mantenan kancaku.
c.       Ya ora papa kowe becike matur Pak RT!
d.      Esuk teka dhisik ing papan kerja bakti!
16.  Unggah-ungguh basa kang digunakake ing pacelathon ndhuwur yaiku…
a.       ngoko lugu
b.      ngoko lan karma
c.       ngoko lugu lan karma alus
d.      ngoko lugu lan ngoko alus
17.  Pak, Tehe wis adhem, ora diunjuk dhisik? Yen diowahi karma alus yaiku…
a.       Pak, tehipun sampun adhem, mboten dipununjuk rumiyin?
b.      Pak, tehe sampun adhem, mboten diunjuk rumiyin?
c.       Pak, tehe pun adhem, mboten diunjuk riyin?
d.      Pak, tehe pun adhem, mangga diunjuk riyin.
18.  Pak RT jagongan karo Susilo, basa kang digunakake Pak RT yaiku….
a.       ngoko
b.      ngoko alus
c.       krama
d.      krama alus
19.  Bu Lurah ndherekake Bu Camat kondur.
Tembung nderekake tegese…
a.       ngeterke
b.      ngancani
c.       ndeloke
d.      ngakon
20.  t=gl¿ ;28; O[kTob/eifinsumPhpemud. Yen diwaca unine…
a.       Tanggal 25 Oktober dina sumpah pemuda.
b.      Tanggal 26 Oktober dina sumpah pemuda.
c.       Tanggal 27 Oktober dina sumpah pemuda.
d.      Tanggal 28 Oktober dina sumpah pemuda.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment