Contoh Contoh Parikan - Bahasa Jawa

Ana 2 jenis parikan yaiku
  1. Parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tunggal)
  2. Parikan Sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)
Berikut contoh contoh parikane sing kula jupuk saka Pepak Basa jawa SD, SMP, lan sederajat

1. Sepet sepet, Sawone mentah
- Diempet empet, selak ra betah

2. wedang bubuk, gula jawa.
- Yen kepethuk, ati lega

3. Wajik klethik, gula abang
- Aja suthik, yen tumandhang

4. Kembang jagung, dipethik Cina
- barang wis kadhung, dikapakna

5. Godhong kecipir, mrambat kawat
- Najan gak mampir, nanging liwat

6. Manuk kutut, manggunge ngganter
- yen ra nurut, bisa keblinger

7. Manuk emprit, menclok godhong tebu
- Dadi murid, sing sregep sinau

8. Yen kembang kembange lamtara, dudu kembang wora wari
- Mumpung sira isih mudha, sing taberi ngati ati

9. Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Yogyakarta
- Esuk eling sore eling, sing dieling ora rumangsa

10. Awan awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter
- kapan kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter

11. Yen kembang kembange kacang, dudu kembange puspa nyidra
- Sih cilik dikudang kudang, bareng gedhe gawe rekasa.

12. Esuk nembang sore nembang, tembange asmaradana
- esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra teka teka








http://www.febrian.web.id/2014/05/contoh-contoh-parikan-bahasa-jawa.html
Previous
Next Post »
Thanks for your comment