Unsur Unsur Intrinsik Drama - Bahasa Jawa

Unsur Unsur Intrinsik Drama - Bahasa Jawa 

Apa pengertian Drama ? Drama yaiku salah sawijning karya sastra kang nggambarake crita ngenani uripe manungsa utamane saka konflik kang dialami kanthi pacelathon pacelathon lan tindak tanduk ing dhuwur panggung.
Unsur intrinsik drama yaiku bab bab kang ana ing njero naskah drama, bisa digoleki kanthi maca naskah drama kasebut.
Bab bab kang kalebu unsure intrinsik :

1. Tema

Saben karya sastra pasti nduweni tema, Tema yaiku bab kang dadi dashare naskah drama digawe Tema uga bisa diarani masalah utama kang dadi sumber cerita.

2. Alur

Alur utawa plot yaiku urutan kedadeyan kang dilakoni paraga utama saka babak kapisan nganti babak terakhir. Alur diperangake :
  • Ngenalake masalah, yaiku kedadeyan wiwitan kang ndandekake masalah maslaah kang dilakoni paraga paragane.
  • Mangerteni isi crita saka perkenalan paraga lan watake.
  • Masalah utawa konflik, yaiku kedadean kang isine ngenani masalah masalah kang wiwit diadhepi paraga paraga ing cerita kasebut.
  • Klimaks/puncak konflik, yaiku masalah sing saling angel kang diadepi paraga paraga ing crita, yaiku kedadean kang isine nyritakake kahanan para paraga ing pungkasaning crita drama.

3. Pacelathon

Miturut jinise pacelathon diperangake dadi loro. Miturut panggonan (prolog lan epilog) lan miturut cacahing paraga (monolog lan dialog)
- Miturut Panggonan :
  • Prolog : pacelathon kang ana ing ngarep drama (sadurunge paraga omong omongan )
  • Epilog : Pacelathon kang dadi panutupe pementasan drama. Sing nyritakake prolog lan epilog diarani narator.
- Cacahing paraga :
  • Dialog : Pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah sawijining paraga klawan paraga liyane.
  • Monolog : Pacelathon kang ditindakake mung dening siji paraga lan paraga liyane.

4. Paraga lan Watake (Tokoh dan penokohan)

a. Paraga ing drama diperangake dadi :
  • Tokoh utama : Paraga kang dadi sumber crita
  • Tokoh pembantu : Paraga kang ana nduweni dialog nanging ora dadi pusat penceritaan.
  • Tokoh figuran : Paraga kang dianakake supaya kahanane dadi kaya nyata, nanging paraga iki ora ngucapake dialog lan mung lewat saklebetan.
b. Miturut wtake, ing drama ana :
  • Tokoh Antagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang ala, saengga ora disenengi penonton.
  • Tokoh Protagonis : yaiku paraga kang nduweni watak kang apik lan disenengi penonton.
  • Tokoh Tritagonis : Yaiku paraga kang bisa dadi kancane tokoh protagonis utawa antagonis, bisa duweni watak kang apik utawa ala (penengah).

5. Amanat

Amanat yaiku pesen moral kang disampekake penulis naskah drama kanggo para penonton.

6. Latar Utawa Setting

Latar utawa setting diperangake dadi telu, yaiku latar wektu, latar panggonan, lan latar swasana.
  • Latar wektu : yaiku wektu kang digambarake nalika paraga paraga ngalami kedadean kedadeyan ing panggung.
  • Latar panggonan : Yaiku panggonan kang digambarake ing panggung saben babake.
  • Latar swasana : Latar swasana di perangake dadi loro yaiku :

    - Swasana alam : kedadean ing sekitar paraga, tuladhane : udan gerimis , swara jangkrik lagi ngerik (bengi)

    - Swasana ati : apa bae kang dirasakake paraga, tuladha : murka, nesu, was was, seneng.
 http://www.febrian.web.id/2014/10/unsur-unsur-intrinsik-drama-bahasa-jawa.html


Previous
Next Post »
Thanks for your comment