AJA KUWATIR PAHLAWANKU

Angitane : R. Bambang Nursinggih
Ocehe dhandhang manitir nguntabake bandhosa
Mrambat lon-lonan lumaku tumuju girilaya
Kairing swasana tintrim lan wingit ngayut jiwa
Swara sesenggukan ndudut rasa, saya agawe nelangsa
Bandhosa kang lagi mondhong layon
Ora perduli apa kang mentas kelakon
Panggah tetep siaga ngenteni urut-urutane lakon
Nadyan ana udan gludhug ora dipaelu tetep kukuh santosa
Kang wigati jejibahane mbopong layone kusumayuda
Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebete kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka amal baktine Ing Ngarsa Dalem Allah Ta’ala
Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang
“Aja kuwatir pahlawanku” arep dak terusake gegayuhanmu
Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu
Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut
Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.
( Nursinggih, 2005 )


http://bibinaujawa.blogspot.co.id/2013/12/materi-kelas-ix-semester-1_12.html 
Previous
Next Post »
Thanks for your comment