CONTOH SOAL UAS 1 KELAS IX MAPEL BAHASA JAWA

36.  Sing kalebu wateke tembang Dhandhanggula ...
a.       grapyak
b.      luwes
c.       rumaket
d.      kendho
37.  Sapa sing dadi tuladha tembang ing dhuwur ...
a.       guru               
b.      karyawan
c.       dokter
d.      siswa
Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah taman Sriwedari menyang negara Maespati.  Taman Sriwedari  iku taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangan betara Wisnu.
38.  Paraga ana ing teks dhuwur yaiku ...
a.       Sumantri
b.      Arjunasasrabahu
c.       R. Kakrasana
d.      Rahwana
39.  Sing ora kalebu Setting teks ing dhuwur yaiku...
a.       Alengka
b.      Maespati
c.       Taman Sriwedari
d.      Kahyangan Nguntara Segara
Katresnane marang adhine ilang marga saka drajat lan pangkat. Wateke sing ala seneng nyidrani janji. Janji nresnani adhine diblenjani. Janji ngajak adhine diblenjani. Kabeh mau mung melik drajat, pangkat lan kamukten.
40.  Paragraf ing dhuwur ngandhut surasa ....
a.       paraga
b.      setting
c.       alur
d.      piwulang
41.  Raden Kakrasana wujude buta bajang.
Tembung buta bajang  ing teks dhuwur tegese ....
a.       buta gedhe
b.      buta ijo
c.       buta cilik
d.      buta cakil
42.  1. Sumantri
2. Arjuna sasrabahu
3. R. Sukrasana
4. Citrawati
Tokoh wayang endi sing kasil mindah taman Sriwedari?
a.       1
b.      2
c.       3
d.      4
43.  Sunarto awake ora kepenak, mula nalika melu upacara ora nganti rampung. Raine pucet banget.
Kahanane Sunarto kena disanepakake ...
a.       Tatune arang kranjang.
b.      Ulate bening meri.
c.       Dedege dhuwur kencur.
d.      Cahyane abang dluwang.
Pamerintah penjajah Walanda judheg pikire. Bola bali saben nyoba mbedhah Kadipaten Tegal, sawijining kutha kadipaten ing pesisir lor iring kulon tanah Jawa tengah, ora tau kelakon. Aja maneh bisa nguwasani pinangka dhaerah lar-laran jajahan, mlebu kutha bae ora tahu bisa.
44.  Cariyos ing nginggil kedadosan wonten ing tlatah ...
a.       Pekalongan
b.      Tegal
c.       Pemalang
d.      Batang
45.  Prajurit mertalayan dipandhegani langsung dening Adipati. Tembung dipandhegani tegese ....
a.       dipimpin
b.      dituturi
c.       digulawenthah
d.      diajak
46.  Panjenengan arep tindak ngendi?
Ukara ing dhuwur migunakake tembung sesulih ....
a.       utama purusa
b.      madyama purusa
c.       pratama purusa
d.      panca purusa
47.   Manut  pangandikane para leluhur, perang tandhing antarane Adipati Mertalaya lan Mertapura iku ngentekake wektu singsuwe.
Tembung pangandikane tegese ....
a.       tileme
b.      cariyose
c.       sarene
d.      lenggahe
48.  Ukara Parto ngumbah sepedane ing kali yen didadekake ukara tanggap dadine ....
a.       Sepedane dak kumbah aku.
b.      Sepedane apa wis kok kumbah?
c.       Sepedane dikumbah Parto ing kali.
d.      Sepedane Parto anyar.
49.  Menawi wonten wekdal, panjenengan kula aturi rawuh. Ukara iki migunakake basa ....
a.       ngoko lugu
b.      ngoko alus
c.       krama lugu
d.      krama alus
50.  Bapak nembe rawuh saking Semarang. Ukara iki menawa didadekake basa ngoko alus ...
a.       Bapak lagi teka saka Semarang.
b.      Panjenengan lagi rawuh saka Semarang.
c.       Bapak nembe rawuh saka Semarang.
d.      Bapak nembe teka saking Semarang.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment